Friday, June 26, 2020

Membuat Video Pembelajaran yang Cepat, Efektif dan Menarik

    Belajar tidak harus saling tatap muka. Covid-19 telah merubah kebiasaan belajar antara siswa dengan guru. Sampai saat ini vaksin pencegahan dan obat penyembuhan belum ditemukan, pemerintah berupaya agar pembelajaran tetap dilaksanakan dengan mengikuti protokol kesehatan. Bagi daerah yang masuk zona merah dan kuning pembelajaran hanya bisa dilakukan dengan jarak jauh atau daring (dalam jaringan). Bagi daerah yang masuk zona hijau penyebaran Covid-19, pembelajaran bisa dilakukan dengan tatap muka dan tetap mengikuti protokol kesehatan.
    Tutorial ini dikhususkan bagi guru-guru yang mengalami dampak Covid-19 di zona merah dan kuning. Bagaimana caranya, silakan ikuti cara ini sampai akhir.
  1. Instal Aplikasi FastStone Capture 7.3
FastStone Capture 7.3 merupakan aplikasi yang ringan bagi laptop / PC. Secara singkat kita dapat membuat video pembelajaran yang cepat dengan menggunakan aplikasi ini. (Link Unduhan scroll ke bawah.)


        2. Langkah-langkah Instalasi
            a. Lakukan instalasi program dengan cara dobel klik pada FSCaptureSetup73.exe, tunggu sampai selesai                      proses instal.



        b. Buka kembali aplikasi FastStone Capture 7.3 yang sudah di instal di Start / Desktop.

        c. Masukkan keymaker.exe

        
FastStone Capture 7.3 masih versi trial jika tidak memasukkan kode registrasinya. Maka masukkan kode registrasinya dengan cara dobel klik pada keymaker.exe. Langkah selanjutnya dengan mengisikan nama pengguna -> klik -> generate (muncul kodel registrasi). Masukkan kode registrasi tersebut ke Aplikasi FastStone Capture 7.3. Proses Instalasi Aplikasi sudah selesai, anda bisa mulai mencoba membuat video pembelajaran.

        3. Cara Menggunakan Aplikasi Fastone Capture 7.3
            a. Buka aplikasi di Start / Desktop

            
            b. Setel / setting sebelum aplikasi digunakan :
                1).    Setelah FastStone Capture terbuka pilih Screen Recorder.
                2).    Pilih dikotak dialog seperti berikut ini :
(1) Record Screen : untuk menentukan berapa lebar yang diinginkan. Ada 4 pilihan sesuai kebutuhan.  Jika ingin membuat video pembelajaran yang materinya sudah dibuat di Ms. Power point maka pilih saja Full Screen Without Taskbar. Lebar video yang jadi sesuai dengan layar ketika slide show. (2) Record Audio : untuk merekam suara. Ada 3 pilihan sesuai kebutuhan. Jika video yang dibuat ada suara dari tutor dan suara backsound pilihlah Microphone + Speakers. (3) Option : untuk informasi pengaturan. Ada 5 bar yang bisa diatur sesuai dengan kebutuhan. Bar Video : apakah sorot dari mouse ketika digerakan ikut terekam. Selanjutnya Record.
 

            3) Setelah menekan tombol Record akan muncul kotak dialog lagi sebelum mulai merekam.
Pilih Start! Proses pengaturan FastStone selesai, ikuti langkah selanjutnya agar menghasilkan video pembelajaran yang bagus.

        4. Membuat Video pembelajaran
a. Menyiapkan materi : Ada beberapa pilihan dalam membuat materi yang menarik, dengan Ms. Power Point, Focusky, video maker, dll.


b. Menyiapkan backsound : Jika materi dalam video pembelajaran berupa bacaan bisa melengkapi video dengan back sound. Backsound yang bagus berupa instrumen musik tanpa suara vokal, tidak mendominasi suara didalam video. 

c. Pause / Resume / Stop : Apabila dalam proses perekaman ada masalah, silakan tekan di keyboar (Ctrl + F11). Jika perekaman selesai silakan klik kotak hitam.
 

d. Proses perekaman selesai. File yang dihasilkan dari FastStone Capture 7.3 adalah .mwv
 

Tuesday, June 23, 2020

Malioboro ing Kutha Madiun


Jl. Pahlawan Kota Madiun

    Malioborone Madiun manggon ing dalan Pahlawan kelurahan Kartoharjo-Pangongangan Kutha Madiun Provinsi Jawa Timur. Lurung sing dawane kurang luwih 1,3 Km kasebut ing wates sisih lor yaiku Pasar Sepor lan wates sisih kidul ditandani rambu-rambu lalu lintas prapatan Tugu. Sakdawane dalan Pahlawan okeh wangunan pamerintahan kayata ; Bakorwil Jawa Timur, Balaikota Madiun, Kantor Pos, Kantor Daerah Telekomunikasi, Kejaksaan Negeri. Swalayan kayata; hypermart, Lawu Plaza, Samoedra.
    Malioboro kasunyatan ing wewengkon Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY). Jeneng dalan sing wis kondhang ing nuswantara kasebut duweni kahanan kang ndudut ati. Para wisatawan bisa diuja maneka warna jajanan tradisional, kerajinan tradisional, sandhangan, lan kesenian musik sing nambahi betah nalika ing dalan Malioboro. Semono uga ing dalan Pahlawan kutha Madiun sing kaaran Malioboro dening warga Madiun, sanajan ora 100% memper Malioboro Ing DIY. Malioborone Madiun ing sak ngarepe Balai Kota duweni kaluwihan, ambane dalan 10 meter, trotoar 4,5 meter kiwa lan tengen, meja lan kursi kanggo ngaso, tanduran kembang tabebuya, taman Balaikota, wisata banyu Sumber Umis. Kanggo njaga keslametane para wisatawan uga dipasang speed Bump supaya kendaraan bisa mlaku 30 km/jam.
    Kawasan sing didadekake jujugan ing Malioborone Madiun yaiku ing sakngarepe Balaikota. Sesawangane werna-werni, sinambi lungguhan ing kursi tradisional bisa nyawang wangun gagah-gagah, nyawang gilir gumantine kendaraan, kena angin semilir, kahanane resik, nyawang tanduran subur lan seger-seger, cagak-cagak lampu ditata kanthi runtut tansaya nambahi krasan ing kono. Sabanjure bisa nerusake ing Aloon-aloon lan Taman Lalu Lintas sapinggire Kali Bengawan Solo.

Download Font Aksara Jawa

Suku Jawa kalebu suku sing sugih. Diarani sugih jalaran duwe basa, duwe aksara (huruf), duwe tari, duwe wayang, duwe gamelan, duwe budaya, duwe tradisi, duwe klenik lan iseh okeh duwe-duwe liyane sing yen disebutake jalari wong gumun. Ananging sugihe Jawa kuwi ora ketok, ora diketok-ketokake amarga tembung Jawa tegese ngerti. Jlentrehe ngerti yen dionceki dadi pirang-pirang prekara. Ing kene ora ngrembug bab Jawa ananing ngrembung saperangane saka Jawa, yaiku aksarane Jawa.
        Kanggone para siswa utawa dwija (guru) aksara Jawa wis ora dianggep bab sing angel, wis okeh cara kanggo nyinaoni tata panulisane aksara Jawa. Aplikasi sing bisa diunduh saka internet liwat playstore, video youtube, lan liya-liyane. Supaya bisa nambah kreatifitas, kanggo panulisan soal ulangan, lan kebutuhan liya-liyane bisa ngunduh font aksara Jawa ing ngisor iki :


Carane instal ing PC /  Laptop :
  1. Buka file explorer : Carane buka ana rong pilihan, (1) klik kanan gambar -> pilih File Explorer(2) tekan gambar lan tekan huruf E bebarengan.
  2. Pilih Drive (C:) / Lokal (C:) 
  3. Pilih Windows
  4. Paste ing Windows (font)
Tuladha asil kreatifitas migunakake font aksara Jawa ing corel draw / photoshop CS / Ms. Word.


Monday, June 22, 2020

10 Panah (Jemparing) Sakti

    
    
        Panah ing Jawa dikenal kanthi sebutan Jemparing, Astra, Bana, Naraca, Sara Warastra. Jaman biyen panah utawa jemparing gunane kanggo piranti bebedhak (berburu) sakliyane tumbak. Miturut sejarahe panah digawe saka balung, kayu lan tali sing digawe saka otot. Lumakune jaman panah didadekake cabang olah raga ing tingkat lokal nganti tingkat internasional. Bentuk lan model kanggo nyukupi kebutuhan uga maneka warna. Ing pagelaran wayang kulit jemparing dadi salah sijine gaman sing ampuh lan bisa ngetokake kadigdayan saka kagungane. Ing kene bakal diringkes jenenge gaman, kagungane, lan kadigdayanane.
  1. Panah Ardadhedali utawa Ardadali kagungane Raden Janaka. Panah kasebut saka Bathara Kuwera ing kahyangan nalika Raden Janaka kasil merjaya Prabu Niwatakawaca, Raja raseksa saka negara Manimantaka. Wujude panah Ardadali kayadene cucuk manuk. Kadigdayane panah nalika dipenthang lan plesatake bisa nucuk mungsuh ananging ora bisa ngenani bala pandhawa.
  2. Panah Jungkat Penatas kagungane Resi Bisma. Jungkat Penatas Nalika perang Baratayudha dina keloro kasil merjaya Raden Seta, lan ing perang katelu panah Jungkat Penatas nalika dilesatake ing angkasa dadi atusan cacahe sing bisa merjaya para prajurit pandawa. Ing cerita negara Ragastina sing Rajane Prabu Garjendramuka, wujud sirah Gajah lan awak manungsa uga pejah kena panah Jungkat Penatas kaduwekane Bambang Gutama saka paringane Bathara Siwa.
  3. Panah Agniyastra kagungane Prabu Ramawijaya. Panah sing bisa ngetokake geni, yen ditamanake mungsuh bisa kebakar nganti dadi awu. Subahu sedulure Marica kang arupa raseksa kobong nganti dadi awu nalika gawe ontran-ontran ing upacara Yadnya.
  4. Panah Pasopati kagungane Raden Janaka utawa Arjuna. Pasopati kadadean saka rong tembung, paso sing tegese pas (tepat) lan pati tegese mati. Bathara Guru maringake panah Pasopati nalika Arjuna tapa, ing lakok Arjunawiwaha. Kasektene panah kasebut kasil merjaya Raja raseksa Niwatacaraka. Ing Perang Bratayudha uga kasil merjaya Jayadrata lan Adipati Karna.
  5. Panah Guwawijaya kagungane Prabu Ramawijaya. Panah nalika dipenthang ngetokake suwara gludhug, nggegirisi kasil merjaya Subali.
  6. Panah Nagapasa kagungane Raden Indrajid. Panah Nagapasa sing asale saka kahyangan paringane Dewa nalika Raden Indrajid ngrewangi Bapake, Prabu Dasamuka. Panah Nagapasa bisa ngetokake ula cilik-cilik, kacarita Raden Laksmana lan Prabu Ramawija kena wisa ula Nagapasa kuwalahan nganti lemes tanpa daya.
  7. Panah Sarotama kagungane Raden Janaka. Panah sing diparingi Begawan Manikara kalebu panah sing nalika di jukuk saka sarunge bisa babar. Dijukuk siji nambah siji, dijukuk lima nambah dadi lima.
  8. Panah Cundamanik kagungane Raden Janaka. Panah kasebut saka Bathara Narada saka Kahyangan nalika perang Bratayudha. Panah Cundamanik sing asale saka  Dewi Wilutama garwane Begawan Drona.
  9. Panah Kontawijayadanu kagungane Adipati Karna. Adipati Karna utawa Suryaputra kalebu putrane Dewi Kunthi. Panah Konta sing warangkane ing awake Gatotkaca kalebu panah sekti, ananging mung bisa digunakake sepisan. Panah Kontawijayandanu kasil merjaya Gatotkaca nalika perang Bratayudha.
  10. Panah Cakra kagungane Bambang Sumantri utawa Patih Sumantri. Ing cerita wayang Arjuna Sasrabahu  Panah cakra kagungane Bambang Sumantri merjaya Sukresana.

Thursday, June 18, 2020

Ana Corona Ora Merana


        Esuk gilir gumanti esuk, wis ora krasa rong wulan suwene bocah sekolah ora sinau ing sekolahan. Anane wabah corona wis ndadekake panguripan sarwa beda, sing biasane sekolah ora bisa sekolah, bakul-bakul padha sambat, jasa apa wae sepi, karyawan pabrik okeh sing dipreini lan iseh okeh akibat liyane sing dirasakake masyarakat saiki. Kawiwitan wulan Maret 2020 kepungkur ing kutha Madiun bocah sekolah sinau ing omahe dhewe-dhewe. Pemerintah liwat Dinas Pendhidhikan menehi edaran supaya sinau tetep ditindakake ing omah kanthi cara pasinaon Daring (Dalam jaringan) utawa sing lumrah diucapake pembelajaran online. Para pendidik utawa guru diajab duwe kreasi lan inovasi supaya pasinaon bisa lancar, lan bocah sekolah uga ora kangelan anggone nangkep tugas saka gurune.
        Kutha Madiun sakdurunge ana wabah corona wis menehi akses internet gratis kanggo masyarakat. Pranyata ing wilayah kutha Madiun saben pos kamling lan fasilitas umum dipasang wifi sing 24 jam bisa diakses dening masyarakat. Hesti salah sawijine murid ing tataran SMP Kutha Madiun uga ngrasakake anane fasilitas internet gratis kasebut. Hesti kalebu bocah sing sregep, saben esuk wis tangi melu ngrewangi mbah putrine sing bakulan sayur ing saktengene omahe. Nata dagangan saka pasar, lan melu ngedoli wis dadi pakulinane Hesti nalika iseh SD. Hesti uga grapyak marang sapa wae, mula okeh kanca-kancane sing padha dolan menyang omahe saperlu crita-crita, sinau bareng lan gegojegan bebarengan. Ika, Imah lan Ines sing biasane dolan menyang omahe Hesti, amarga omahe ora adoh lan iseh sapantaran.
        Nalika dina Rebo jam 8 esuk bocah papat wis padha ngumpul. "Hei..cah, tugas basa Inggris apa wis padha nggarap?" Pitakone Hesti. "Lho, Hes..kok lagi mbok takokne saiki to, kudune wis wingi dikirim menyang gurune!" Semaure Ika. "Aku ya ngerti kapan kudu dikirim, masalahe wingi dakbuka nganggo HPne Mamahku ora kenek, dak jajal nganggo HPne Ayahku yo ora kenek. Wis jajal disuwunke priksa mamah nyang guruku wangsulane dicoba terus." "Aku wingi ya ngono Hes, tak coba pisan durung kenek buka soal, kapindo durung kenek, terus HPku tak restart lagek kenek kanggo buka soal." Saute Imah karo nuduhake HPne. "O..ngono ya, ya wis tak jajale Mah!" "Lha kuwi hlo Hes, untung enek Imah." Ika melu-melu nyaut. "Kowe apa wis garap to Ka?" Pitakone Hesti sinambi mateni HPne supaya bisa kanggo garap tugas Basa Inggris. "Aku ya jelas to Hes, durung." Ika mangsuli karo guyu isin. "Aku rene iki maeng ya arep nekokne tugas kuwi, wis kok tekokne dhisek aku dadi melu ngerti. Merga perkaraku wingi ya padha kowe." "Oalah jebule padha wae Ika ki!" Imah sajak ngece.
        "Hei cah, Ines apa ya wis garap, Jajal takonana Mah!" Panjaluke Hesti menyang Imah. "Nes..Nes..Neeeess..oalah, bocah iki nek wis nyekel HP dijak omong wis ora nyambung blas, ketekana banjir ya ora gagas!" Imah gregeten nyawang Ines sing ora semaur. "He..Nes!" Ika nyeblek tangane Ines sing nyekel HP. "Apa to Ka, ngrusuhi wong lagi asyik, ki hlo HPku meh jeglok, HP larang iki." Semaure Ines polatane pegel. "Kowe kuwi kancane lagek ngomongne tugas ora melu rembugan, mbok ya melu menehi solusi ngono hlo. Ketoke wonge enek kene nanging pikirane enek ngendi-endi." Hesti melu ngaruh-aruhi Ines. "Enek perkara apa to, sing slow, santui, aja kemrungsung, slow down baby, what happen?" Ines sing ora melu rembugan babagan tugas Basa Inggris malah sajak ngece kanca-kancane. "Tugas Basa Inggris wingi wis kok garap durung Nes?!" Imah mbaleni pitakone. "Lha cah kene ya mesthi wis beres to nde..tugasku wingi digarapne mbak Tia. Apa iseh enek sing durung garap nganti dina iki?" Ganti Ines takon. "Yen iseh enek pasrahne Imah wae to, beres. Ngono wae kemrungsung!"
        Hesti sing nyoba buka HPne maneh sakwise direstart seneng banget amarga wis bisa kanggo buka alamat tugase. Ika uga nyoba buka alamat tugas, bareng tekan ngisi jeneng lan password ora bisa jalaran password salah. "Mah, passworde apa iki kok salah?" Ika takon marang Imah. "Apa wis diganti ya passworde, aku wingi ya iki sing daktulis. Jajal Hes nyuwun tulung Mamahmu telpon Pak Danang!" Hesti banjur nyuwun tulung mamahe supaya telpon Pak Danang guru Basa Inggris. Ora let suwi Mamahe Hesti ngendikan karo pak Danang, passworde ditulis ing buku tulis. Hesti lan Ika age-age nulis password anyar gantine sing wingi. Sakdurunge ngawiti garap tugas Hesti nyiapake buku paket, kamus lan buku tulis kanggo nulis pitakon sing angel.
        Bocah loro pada semangat garap tugas, Hesti lan Ika gantian nulis pitakon sing angel. Sakbanjure pitakon sing gampang wis rampung digarap gantian nyandhak buku tulis mangsuli pitakon sing angel. Kamus lan buku paket dibukaki Hesti lan Ika, ananging pitakone Hesti iseh 1 sing durung ketemu wangsulane lan Ika iseh ana 2 sing angel diwangsuli. Imah lan Ines padha asyik nyekel HPne dhewe-dhewe. Imah lagi maca-maca berita ing google chrome lan Ines maca status ing facebook. "Mah, pitakonmu wingi apa enek sing kaya ngene iki?" Pitakone Hesti sinambi nuduhake pitakon ing cedhake Imah. "Iya Hes, sing metu ana tampilanku ora nomer 7 nanging nomer 13. Iki direvisi sing ana grup WA kirimane Damar ketua kelas kae hlo." "Oalah, karepe revisi kae iki to, ya wis Mah, suwun." "Ika ket maeng buka-buka kamus mudheng ora kuwi?" Ines ngece Ika karo drijine munggah-medhun ing layar HP. "Nes, sadar to kowe ki, dakkira wis ora nggatekne!" Ika semaur, ora pati ngreken omongane Ines. "Genten aku ewangana Mah, ora mudheng apa iki karepe. Dakgoleki ana ing buku paket kok ora nemokne." Panjaluke Ika karo kukur-kukur ramput nganggo petelot. "Sing ndi Ka, apa sing kok bunderi kuwi?" Wangsulane Imah ngadeg karo ngematne buku tulis ana ngarepe Ika. "Iya sing nomer 16 iki piye?" Wangsulane Ika nudingi nomer 16. "Kuwi ngene, like basa Indonesiane suka nanging yen ngarepe enek as like tegese seperti." Saurane Imah tenanan. "Oo..ngono to, jan Imah pancen cah pinter, ora rugi duwe kanca kowe Mah." Ika seneng banget oleh wangsulan.
        Watara jam 10 anggone garap tugas Basa Inggris wis rampung lan dikirim menyang Pak Danang. Pranyata apa sing angel digarap dhewe, yen digarap bareng-bareng bisa dadi gampang. Kuwi kaya unen-unen bot ginawa theng, sing abot bisa dadi entheng. Ing sakjabane omah katon Ibune Ines mara menyang omahe Hesti sinambi nggremeng. Bareng ngerti Ines lagi lungguhan nyekel HP, Ibune Ines nyaut HPne anake, Ines digremengi jalaran oleh telpon saka wali kelase sing menehi pawarta tugas nulis aksara Jawa durung digarap. Hesti, Ika lan Imah mung meneng ngempet guyu.

Saturday, June 13, 2020

Tri Matra


        Raden Antasena, Raden Gathutkaca, Raden Antareja sedulur tunggal rama (Bapa), putrane Raden Werkudara ing Jodhipati. Werkudara salah sijine pandhawa sing kuat nanging alus atine. Raden Antasena lair saka Dewi Urang Ayu, Raden Gathutkaca lair saka Dewi Arimbi lan Raden Antareja lair saka Dewi Nagagini. Raden Antasena bisa mabur, ambles bumi, lan silem ing samodra, Raden Gathutkaca bisa mabur, otot kawat balung wesi, lan Raden Antareja bisa ambles bumi, triwikrama dadi naga.
        Raden Antasena duweni watak jujur, blaka suta, wani ing bebener, lugu, teteg lan tanggon. Nalika iseh cilik Raden Antasena digladhi marang biyung lan Simbah kakunge, lan diwarisi gaman Cupu Madusena. Nalika perang tanding ing Telengsamodra, kasil niwasake Raja Ganggatrimuka lan nylametake Pandhawa sing disikep ing kunjara wesi. Raden Antansena duweni kulit urang sing ora tedhas marang gaman apa wae. Raden Antasena moksa ing perang Baratayudha kanggo netepi kamukten ing palagan.
        Raden Gathutkaca duwe watak sereng, wani ing bebener. Nalika lair pusere ora bisa ditugel marang gaman apa wae, kajaba keris Kuntawijayandanu gamane Adipati Karna lan warangka keris katut lumebu ing puser lan nambah kasektene Raden Gathutkaca. Otot Kawat balung wesi jalaran Siyung Brajadenta, lengen kiwa Brajalamatan, lengen tengen Brajamusti, geger Brajawikalpa, Kotang Antakusuma, kasut Padakacerna, Basunanda. Ing perang Baratayudha Gathutkaca tiwas kena keris Wijayandanu sing warangkane ing puser.
        Raden Antareja duwe watak sing tangguh, tanggon lan tanggen. Nalika isih cilik Raden Antareja digulawentah marang biyung lan simbah kakunge ing Saptapratala (dasar bumi). Diwarisi aji-aji Napakawaca saka Hyang Anantaboga lan Cincin Mustikabumi saka Dewi Nagagini. Ing lakon Sumbara larung, Raden Antareja migunakake gaman Napakawaca kanggo nguripne Dewi Sumbadra. Sakdurunge perang Baratayudha Raden Antareja tiwas kanggo tawur keluarga Pandawa kanthi cara dilat sikile.
        Jeneng Antasena, Gathutkaca, lan Antareja ora bakal sirna ing jaman modern. Antasena didadekake jeneng Kapal tempur PT. Lundin ing Banyuwangi. Gathutkaca utawa Gatotkaca didadekake jeneng pesawat N-250 rancangan Bapak B.J. Habibie tahun 1995. Jeneng Gathutkaca uga didadekane jeneng paraga (tokoh) ing game Mobile Legends sing dikembangake dening Moonton. Antareja didadekake jeneng Bor kanggo proyek MRT ing Jakarta.

Friday, June 12, 2020

GUNUNGAN WAYANG

        Gunungan utawa diarani kayon bisa dingerteni ing saben pagelaran wayang. Pagelaran wayang kang migunakake kayon antarane : wayang purwa/ kulit, wayang krucil, wayang golek, wayang gedog, wayang suluh, lan liya-liyane. Wujude gunungan kayadene gunung sing lincip dhuwur. Kelir gunungan sing baku ana 2, gunungan gapuran lan gunungan blumbangan. Lumakune jaman, saiki gunungan ora mung kanggo pagelaran wayang, ananging simbol kalpataru, paesan omah, paesan panggung, uga batik migunakake gunungan. Kelir mburi gunungan geni megangah abang mbranang mangalat-alat lan ndas Makara.
        Titikane gunungan gapuran yaiku wujude ceking, luwih dhuwur tinimbang gunungan blumbangan. Kelir ing ngisor gambar gapura, sisih tengen lan kiwa Cingkara Bala lan Bala Upata sing nyekel tameng lan gada utawa pedang. Titikan gunungan blumbangan yaiku wujude luwih amba. Kelir ngisor kolam sing banyune bening saktengahe iwak padha adhep-adhepan.
Katrangan ing sajroning gambar lan surasane miturut para wasis :
  1. Gunungan : wujude lancip madhep dhuwur pralambang panguripane manungsa. Tambah ngelmu lan umur kudu bisa golong gilig manunggaling jiwa, rasa, karsa tumuju marang Gusti kang Akarya Jagad (Tuhan).
  2. Gapura lan para penjagane (Cingkara Bala lan Bala Upata) pralambang atine manungsa becik lan ala. Tameng lan gada utawa pedang minangka njaga kahanan padhang lan kahanan peteng.
  3. Alas (kewan lan wit-witan) pralambang panguripan saka sifat lan tingkah lakune manungsa.
  4. Wit gedhe mucuk lan ngrembuyung ngebaki awak pralambang urip iku obah, obaho sing ngarah-arah. Gusti kang Akarya jagad maringi panguripan lan pangayoman ing alam donya.
  5. Peksi (manuk) pralambang manungsa bisaa menehi kaendahan lair tekaning batin.
  6. Bantheng pralambang kuwat, lincah, baut, tatag, teteg, lan tanggon.
  7. Macan pralambang manungsa kudu bisa mimpin pribadine, meper hawa nafsu.
  8. Wanara (kethek) pralambang manungsa bisa milih lan milah antarane kabecikan lan ala. Kayadene kethek pinter milih panganan sing rasa kecut, legi, lan pait.
  9. Kelir ndas Buto pralambang manungsa saben dinane duweni watak crongoh, nistha kaya dene setan, ngemu surasa supaya eling lan waspada.
  10. Kelir ilu-ilu Banaspati (jin) pralambang urip ing alam donya kebak godha, coba, bebaya, pepalang sing bisa nemahi keslametane manungsa.
  11. Kelir samudra pralambang manungsa kang jembar kawruh (wawasan), lila legawa, wicaksana, pasrah kersaning Gusti.
  12. Kelir omah joglo pralambang urip ing omah utawa negara sing tata titi tentrem kerta raharja gemah ripah loh jinawi.

Gunungan ing pagelaran wayang kanggo nandhani :

  1. wiwitane pagelaran, gunungan ditancepake ing simpingan sisih tengen lan simpingan sisih kiwa
  2. gantine panggonan utawa latar sajroning pagelaran
  3. nggambarake cerita sing ora ana paragane
  4. nggambarake banyu, geni lan angin
  5. pungkasane pagelaran, gugungan ditancepake ing tengah-tengah pakeliran.