Friday, June 5, 2020

GATOTKACA


Gathotkaca kuwi kondang kanthi sesebutan “ Satriya Pringgodani” lan “Alap - alap Pringgodani”. Nalika isih jabang bayi jenenge Tetuka utawa Tutuka. Gathotkaca kuwi putrane Raden Werkudara ( satriya panenggak pandhawa) patutan klawan Dewi Arimbi putrane Prabu Tremboko, ratu buta ing negara Pringgodani. Sekawit Arimbi iku uda wujude buta wadon ( raseksi ), nanging bareng diruwat dening Dewi Kunthi malih dadi kenya sing sulistya. Mula werkudara ( Bratasena ) uga banjur gelem bebojoan karo Arimbi.
Bareng wis suwe anggone jejodhoan, Arimbi banjur nggarbini lan sabanjure mbabar putra kakung wujud bayi manungsa setengan buta. Dening eyang Abiyasa, jabang bayi Tetuka banjur diparingi “topeng” aran topeng waja kang mapan ana sajrone kulit sajabaning daging. Kanthi topeng waja iku, Gathotkaca malih dadi satriya kang bagus citrane. Nuli dening ramane, Bratasena, jabang tetuka banjur kaparingan nama Raden Gathotkaca, kersane raden Werkudara kinarya pepenget duk nalika tandhing pupuh klawan Prabu Arimba ngetog kekuwatan lan kadigdayan.
Tembung Gathotkaca tegese kumpuling kasantosan. Nalika lair nganti umur nembelas dina pusere jabang Tetuka ora bisa situgel nganggo lelandhep pusaka wujud apa wae. Nanging wusanane puser mau bisa pugut ( tugel ) srana wrangkane Pusaka Kuntha Wijayadanu ( Kunta Druwasa) duweke Raden Suryatmaja iya Adipati Karna nalika isih enom. Lan kaelokane, wrangka Pusaka Kuntha mau manjing ing pusere Gathotkaca, satemah muwuhi kasantosane Gathotkaca. Senadyan mengkono, bab iku uga dadi pengapesane Gathotkaca. Mula samangsa perang ngadepi manungsa kang darbe pusaka Kuntha Wijayadanu, Gathotkaca kudu ngati - ati. Sebab yen nganti pusaka Kunta diuwalake, Gathotkaca mesthi mati. Nuhoni unen - unen “ Pusaka manjing Wrangka”
Laire Gathotkaca ngepasi karo dumadine ontran - ontran ing kayangan Jonggringsaloka. Para dewa padha kocar - kacir amarga diamuk dening Prabu Kala Pracona, ratu - ratu buta ing negara Ngembat putihan kang arep njaluk bojo widodari. Nanging panjaluk sing ora semesthine iku diduwa ( ditolak) dening para Dewa saengga ndadeake peperangan. Para dewa padha keplayu banjur golek “ pintasrayan “ menyang negara Ngamarta ( Amarta ). Tekan negara Ngamarta bayi Gathotkaca ( Jabang Tetuka ) kang lagi umur nembelas dina iku banjur diampil Bathara Narada, digawa menyang kahyangan, didadekne jagone para dewa, dimungsuhake Prabu Kala Pracona lan Patihe Apraceka Ditya Kala Sekiputantra sawadyabalane. Sadurunge diajokake ana paprangan bocah sing lagi lair iki banjur dijedhi (dijenang) ana ing Kawah Candradimuka lan para dewa didhawuhi dening Bathara Guru ( tetungguling para dewa ) supaya nlorongake gegaman kahyangan kang mawa pamor. Wasana bareng jabang Tetuka metu sak sajrone Kawah Candradimuka wus ora wujud bayi maneh, nanging wujud jejaka tumaruna, wus ngagem busana kasatriyan. Ya iki sebabe Gathotkaca banjur sinebut “ Satriya babaran kahyangan”. Dening Bathara guru, Gathotkaca banjur pinaringan pusaka kanggo sipat kandel anggone ngadepi mungsuh yakuwi kotang antrakesuma, caping basunanda, lan tlumpah padhakacerma.
Nalika maju ing paprangan, tandange Gathotkaca cukat trengginas, wusana Prabu Kala Pracona sawadyabalena padha mati kabeh. Sasirnane Prabu Kala Pracona, Gathotkaca banjur dijumenengake nata ing kahyangan tinjomaya saumurane jagung kanthi jejuluk Prabu Guruputra.
Gugure
Ing Perang Baratayuda Gathotkaca gugur merga kena panah Kuntha Wijayadanu kagungane Adipati Karna. Panah kang diuwalake kuwi jan -jane ora tekan merga Gathotkaca abure wis ana sadhuwure mega sam pitu, ning banjur dicandhak lan disurung dening yitmane Ditya Kala Bendana, bapa - pamane Gathotkaca kang wis tiwas merga ditempiling dening ponakane iku, saenggo Gathotkaca gugur ana madyaning paprangan. Kuwandane Gathotkaca kumleyang saka gegana nibani kretane Adipati Karna nganti ajur sewalang - walang. Peranganing Baratayuda, Gatotkaca Gugur sumbaga wiratama, karan lakon “Suluhan” amarga dumadine perang ing wayah bengi.
Dasanama
Dasanamane Gathotkaca iku miturut padhalangan : Kacanegara, Jabang Tetuka, Purubaya, Bimasiwi, Arimbiatmaja, Kancingjaya, Kricingwesi, Guritna, Guruputra, lan Suryanaradha.
Bojo lan Anake
Gathotkaca banjur dadi raja ing pringgodani. Garwane raja enom iku ana telu, yakuwi :
  1. Dewi Sumpani utawa Dewi Sumpaniwati, peputra Raden Arya Jayasempuna.
  2. Dewi Pregiwa putrine Raden Arjuna kang banjur peputra Raden Sasikirana.
  3. Dewi Suryawati peputra Raden Suryakaca ing sendratari, Gathotkaca asring katon ing Gathotkaca Gandrung. Tari iki nggambarke nalika Gathotkaca wuyung marang Pregiwa.

61 comments:

  1. Replies
    1. NAMA :AULIA SEPTIANI
      KELAS :7C
      NO ABS:8
      Raden Gathutkaca
      Raden Gathutkaca satriya saka Pringgadani kang kondhang otot kawat balung wesi, bisamabur tanpa swiwi amarga nganggo kotang Antakusuma paringane, iku sejatine putrane Raden Werkudara karo Dewi Arimbi. Asmane liya yaiku Bambang Tetuka , Arimbatmaja , Krincingwesi.LAN GATHUTKACA IKU SATRIA GAGAH ,lan ora wedi mati

      Delete
  2. Akbar Eka Putra Nugraha 7B : Satrya Gathotkaca pancen wani ngadepi musuh musuhe lan ora wedi mati. Aku pengen koyo satrya Gathotkaca amarga wani lan wedi mati

    ReplyDelete
    Replies
    1. Saliyane kuwi, paraga Gatotkaca dadi idola ing game ML..ya to..

      Delete
  3. Naomi mitzy 7b /16 :
    Aku kepengin dadi kaya gatotkaca sing cerdik lan pemberani

    ReplyDelete
    Replies
    1. Nafsya zazkia arneta 8a /24:
      Satrya gathotkaca iki pancen wani ngadepi musuh musuh e lan ora wedi karo mati, aku pengen dadi kaya gathotkaca seng wani lan cerdik

      Delete
    2. Gatotkaca duwe sedulur sing bisa ambles bumi, sapa kuwi?

      Delete
    3. NAMA :AULIA SEPTIANI
      KELAS :7C
      NO ABS:8
      Raden Gathutkaca
      Raden Gathutkaca satriya saka Pringgadani kang kondhang otot kawat balung wesi, bisamabur tanpa swiwi amarga nganggo kotang Antakusuma paringane, iku sejatine putrane Raden Werkudara karo Dewi Arimbi. Asmane liya yaiku Bambang Tetuka , Arimbatmaja , Krincingwesi.LAN GATHUTKACA IKU SATRIA GAGAH ,lan ora wedi mati

      Delete
  4. Gathutkaca yaiku satria kang gagah perkasa.

    Nama =Nanta dwi p
    Kelas =VIII A
    No. =25

    ReplyDelete
  5. Gathutkaca yaiku satria kang gagah perkasa.

    Nama =Nanta dwi p
    Kelas =VIII A
    No. =25

    ReplyDelete
  6. Gathutkaca yaitu satria kang gagah perkasa.

    Nama =Nanta dwi p
    Kelas =VIIIA
    No. =25

    ReplyDelete
  7. Gathutkaca yaitu satria kang gagah perkasa.

    Nama =Nanta dwi p
    Kelas =VIII A
    No =25

    ReplyDelete
  8. Gathutkaca yaitu satria kang gagah perkasa.

    Nama =Nanta dwi p
    Kelas =VIII A
    No =25

    ReplyDelete
  9. Gatotkaca iku satria seng gagah Prakoso lan watak e apikseneng tetulung

    ReplyDelete
  10. Yudhistira Candramurti R. 7C/30:
    aku pengenn nuladani kepribaden gatotkaca seng wani mbelo kebecikan

    ReplyDelete
  11. Dyah Elyna N.A VII B/10:
    Gatotkaca Satrio pilih tanding,ing Jero awake ana jiwa rogo kang kuat sing ora gentar ngadepi kabeh lawan-lawanne..

    ReplyDelete
  12. Dyah Elyna N.A VIIB/10:
    Gatotkaca Satrio pilih tanding,ing Jero awake ana jiwa raga kang kuat sing ora gentar ngadepi kabeh lawan-lawanne.

    ReplyDelete
  13. Ayudya Amellia 05/8A : Raden Gatotkaca kuwi satria sing Kuwat lan gagah perkasa.Wani ngadepi musuh-musuhe lan ora Wedi mati.Aku kepingin dadi kaya Satrya Gatotkaca

    ReplyDelete
  14. Ayudya Amellia 05/8A : Raden Gatotkaca kuwi satria sing Kuwat lan gagah perkasa.Wani ngadepi musuh-musuhe lan ora Wedi mati.Aku kepingin dadi kaya Satrya Gatotkaca

    ReplyDelete
  15. Farhan Miftachul Yusuf 7F : Aku kepingin kaya striya Gatotkaca sing wani,kuat,cerdik, lan nduwe tanggung jawab sing gede

    ReplyDelete
  16. Syaferiera Zeta Rachel Sugianto 30/8A
    Aku kepengin dadi kaya Gatotkaca amarga tanggung jawab lan wani

    ReplyDelete
  17. Dyah Elyna N.A VIIB/10:
    Gatotkaca satrio pilih tanding,ing jero awake ana jiwa raga kang kuat,sing ora gentar ngadepi kabeh lawan-lawanne..

    ReplyDelete
  18. Farhan Miftachul Yusuf 7F : Aku kepingin kaya striya Gatotkaca sing wani,cerdik pandai, lan nduwe tanggung jawab sing gede

    ReplyDelete
  19. Yobella sabatini 7b/28:
    Gathot kaca patut di tiru mergo duwe jiwo seng kendel seng gedi

    ReplyDelete
  20. Deva Mahendra Yudha 8A/09 :

    Kula kepengin kaya Gatotkaca amarga watake pemberani,pinter,wani,lan ora wedi mati.

    ReplyDelete
  21. Yobella sabatini 7b/28:
    Gathot kaca patut di tiru mergo duwe jiwo seng kendel seng gedi

    ReplyDelete
  22. Deva Mahendra Yudha 8A/09 :
    Kula kepengin dadi kaya Gatotkaca amarga Gatotkaca iku pemberani,pinter,Ora wedi mati.

    ReplyDelete
  23. Deva Mahendra Yudha 8A/09 :
    Kula kepengin kaya Gatotkaca amarga Gatotkaca iku pemberani,kuat,pinter,lan ora wedi mati.

    ReplyDelete
  24. Deva Mahendra Yudha 8A/09 :
    Kula kepengin dadi Gatotkaca amarga Gatotkaca iku pemberani,kuat,pinter,lan ora wedi mati

    ReplyDelete
  25. Malniq Alys F 7C/19
    Aku pengen koyo gathotkaca amarga teguh lan gesit

    ReplyDelete
  26. Malniq Alys F 7C/19
    Aku kepingin koyo gathotkaca amarga teguh lan cerdik

    ReplyDelete
  27. Iyan eka putra 8C/17:
    Kula kepengin kados kesatriya sejati ingkang teguh nyepang amanat lan janji ketresnanan

    ReplyDelete
  28. Iyan eka putra 8C/17
    Kula kepengin kados kesatriya sejati ingkang teguh nyepang amanat lan katresnanan

    ReplyDelete
  29. Fahrizal {8A}: Gatotkaca putrane R.Werkudara&Dewi hidimbi
    Gatotkaca dadi satria ing pringgodan.deweke keagungan senjata kutang ontokusumo,caping basunanda dewee terkenal mergo dashi raja ingkang gagah sekti mandraguna lan jujur

    ReplyDelete
  30. Yahya nur cholis 8A:Gatotkaca iku satriya ing pringgodani putrane raden Werkudara,nalika isih bayi jeneng e tetuka.Gatotkaca iku kesatriya sing nduweni watak cukat,ora wedi mati,lan trengginas nalika ana ing peperangan.

    ReplyDelete
  31. diva fitria a 8A(12):gatotkaca menika piyantune gagah lan prakasa, badanipun otot kawat balung wesi.Boten tedas kaleh gawan nopo mawon, menawa mlampah teng nggegono.

    ReplyDelete
  32. Riyan Bagas 7F
    Aku kepingin dadi kaya gatotkaca sing ra wedi sapa ae lan ra wedi mati

    ReplyDelete
  33. Nama nur assyfa
    Kelas 8a
    No abs 26


    Aku kepengen kaya Gatotkaca seng wani ngadepi musuh e lan duwe bakat bakat luar biasa supaya bisa dadi bocah seng berguna bagi nusa lan bangsa

    ReplyDelete
  34. Erla Rindri 7b/11
    gathotkaca kesatrya kang pemberani, iso gae teladan bocah bocah, aku kepingin dadj gathotkaca sing pemberani

    ReplyDelete
  35. Marga Chaesar 7B/14
    GatotKaca dadi Hero Tank paling OP ing Game ML

    ReplyDelete
  36. Farhan Miftachul Yusuf 7F : Aku kepingin kaya striya Gatotkaca sing wani,cerdik pandai, lan nduwe tanggung jawab sing gede

    ReplyDelete
  37. Amiendedisetyono 7b/04
    Aku yo kepenegn dadi kaya striya raden gatotkaca marga bela negara ora wedi mati,bela sing bener karo tanggung jawab

    ReplyDelete
    Replies
    1. Amien dedi setyono 7b/04
      Aku yo kepengen dadi kaya striya raden gatotkaca marga bela negara ora wedi mati,bela sing bener lan tanggung jawab

      Delete
  38. Akbar Maulana Prabayu 8a/02
    sugeng punika kumedah kiyat, nanggel bebah sakilen punapaa ampun menyerah, gatotkaca ingkang memiliki sifat jujur kaliyan pamantun mawi gesit lebet ngasta damel

    ReplyDelete
  39. Shakila kheysa cheanida7c/25
    Gathotkaca iku gagah perkasa

    ReplyDelete
  40. Pelajaran yang bisa diambil dari Gatotkaca adalah Kita jangan meremehkan hal yang tidak mungkin. Bayi bisa saja berguna menghadapi masalah orang dewasa. Mengapa Bayi bisa menghadapi orang dewasa atau bayi harus menghadapi orang tua. Intinya mereka yang masih murni dan tidak memiliki dosa, memiliki keunggulan saat menghadapi orang yang sudah pernah berbuat dosa.


    Nama : DISTA PUTRI AHMANSA
    Kelas:8a
    No :11

    ReplyDelete
  41. Pelajaran yang bisa diambil dari Gatotkaca adalah Kita jangan meremehkan hal yang tidak mungkin. Bayi bisa saja berguna menghadapi masalah orang dewasa. Mengapa Bayi bisa menghadapi orang dewasa atau bayi harus menghadapi orang tua. Intinya mereka yang masih murni dan tidak memiliki dosa, memiliki keunggulan saat menghadapi orang yang sudah pernah berbuat dosa.


    Nama : DISTA PUTRI AHMANSA
    Kelas:8a
    No :11

    ReplyDelete
  42. Nama : Cindy Aprilia P
    No absen : 07
    Kelas : 8A


    Gathotkaca iku satriya kang bagus citrane.

    ReplyDelete
  43. Kito ora bisa ngremehake mokal. Bayi bisa migunani kanggo ngatasi masalah diwasa. Bayi bisa ngadhepi wong diwasa utawa bayi bisa ngadhepi wong tuwa. Intine yaiku yen wong sing isih murni lan ora duwe dosa duwe keunggulan nalika ngatasi wong sing wis dosa,utawa wong sing wes tuo.

    NAMA : DISTA PUTRI AHMANSA
    KELAS:8A
    NO :11

    ReplyDelete
  44. NAMA :AULIA SEPTIANI
    KELAS :7C
    NO ABS:8
    Raden Gathutkaca
    Raden Gathutkaca satriya saka Pringgadani kang kondhang otot kawat balung wesi, bisamabur tanpa swiwi amarga nganggo kotang Antakusuma paringane, iku sejatine putrane Raden Werkudara karo Dewi Arimbi. Asmane liya yaiku Bambang Tetuka , Arimbatmaja , Krincingwesi.LAN GATHUTKACA IKU SATRIA GAGAH ,lan ora wedi mati

    ReplyDelete
  45. NAMA :AULIA SEPTIANI
    KELAS :7C
    NO ABS:8
    Raden Gathutkaca
    Raden Gathutkaca satriya saka Pringgadani kang kondhang otot kawat balung wesi, bisamabur tanpa swiwi amarga nganggo kotang Antakusuma paringane, iku sejatine putrane Raden Werkudara karo Dewi Arimbi. Asmane liya yaiku Bambang Tetuka , Arimbatmaja , Krincingwesi.LAN GATHUTKACA IKU SATRIA GAGAH ,lan ora wedi mati

    ReplyDelete
  46. NAMA :AULIA SEPTIANI
    KELAS :7C
    NO ABS:8
    Raden Gathutkaca
    Raden Gathutkaca satriya saka Pringgadani kang kondhang otot kawat balung wesi, bisamabur tanpa swiwi amarga nganggo kotang Antakusuma paringane, iku sejatine putrane Raden Werkudara karo Dewi Arimbi. Asmane liya yaiku Bambang Tetuka , Arimbatmaja , Krincingwesi.LAN GATHUTKACA IKU SATRIA GAGAH ,lan ora wedi mati

    ReplyDelete
  47. NAMA :AULIA SEPTIANI
    KELAS :7C
    NO ABS:8
    Raden Gathutkaca
    Raden Gathutkaca satriya saka Pringgadani kang kondhang otot kawat balung wesi, bisamabur tanpa swiwi amarga nganggo kotang Antakusuma paringane, iku sejatine putrane Raden Werkudara karo Dewi Arimbi. Asmane liya yaiku Bambang Tetuka , Arimbatmaja , Krincingwesi.LAN GATHUTKACA IKU SATRIA GAGAH ,lan ora wedi mati

    ReplyDelete
  48. Gathut kaca kuwi gagah perkasa,teguh lan cerdik.

    Nama:Gading kusuma wijaya
    Kelas:7B
    No absen:12

    ReplyDelete
  49. Gatot kaca kuwi gagah,perkasa,lan gak tau nyerah


    Nama:Ragel septian c
    Kelas:7b
    No absen:19

    ReplyDelete
  50. Gatot kaca Satrio kang gagah prakasa
    Nama:dhauri
    Kls :8A
    No. :10

    ReplyDelete
  51. Nama : MARLINDA WULAN SARI
    Kelas : 8A
    No. Abs : 21

    Raden Gathotkaca yaiku satriya sing pemberani , tanggung jawab sing gede ,
    Tabah ngadepi musuh' e , cerdik , lan sakti.

    ReplyDelete
  52. Nama:TANIA PORWATI
    Kelas:7D
    No.Abs:27


    Gathot kaca kuwi kondang kanthi sesebutan "satriya pringgodani"lan"alap-alap pringgodani nalika isih jabang bayi jeneng e tetuka utawa tutuka

    ReplyDelete
  53. Nama:Anjas Jhona. P
    Klas:7d
    No. Abs:5

    Gatot kaca kuwi gagah,perkasa,lan gak tau nyerah

    ReplyDelete