Saturday, June 13, 2020

Tri Matra


        Raden Antasena, Raden Gathutkaca, Raden Antareja sedulur tunggal rama (Bapa), putrane Raden Werkudara ing Jodhipati. Werkudara salah sijine pandhawa sing kuat nanging alus atine. Raden Antasena lair saka Dewi Urang Ayu, Raden Gathutkaca lair saka Dewi Arimbi lan Raden Antareja lair saka Dewi Nagagini. Raden Antasena bisa mabur, ambles bumi, lan silem ing samodra, Raden Gathutkaca bisa mabur, otot kawat balung wesi, lan Raden Antareja bisa ambles bumi, triwikrama dadi naga.
        Raden Antasena duweni watak jujur, blaka suta, wani ing bebener, lugu, teteg lan tanggon. Nalika iseh cilik Raden Antasena digladhi marang biyung lan Simbah kakunge, lan diwarisi gaman Cupu Madusena. Nalika perang tanding ing Telengsamodra, kasil niwasake Raja Ganggatrimuka lan nylametake Pandhawa sing disikep ing kunjara wesi. Raden Antansena duweni kulit urang sing ora tedhas marang gaman apa wae. Raden Antasena moksa ing perang Baratayudha kanggo netepi kamukten ing palagan.
        Raden Gathutkaca duwe watak sereng, wani ing bebener. Nalika lair pusere ora bisa ditugel marang gaman apa wae, kajaba keris Kuntawijayandanu gamane Adipati Karna lan warangka keris katut lumebu ing puser lan nambah kasektene Raden Gathutkaca. Otot Kawat balung wesi jalaran Siyung Brajadenta, lengen kiwa Brajalamatan, lengen tengen Brajamusti, geger Brajawikalpa, Kotang Antakusuma, kasut Padakacerna, Basunanda. Ing perang Baratayudha Gathutkaca tiwas kena keris Wijayandanu sing warangkane ing puser.
        Raden Antareja duwe watak sing tangguh, tanggon lan tanggen. Nalika isih cilik Raden Antareja digulawentah marang biyung lan simbah kakunge ing Saptapratala (dasar bumi). Diwarisi aji-aji Napakawaca saka Hyang Anantaboga lan Cincin Mustikabumi saka Dewi Nagagini. Ing lakon Sumbara larung, Raden Antareja migunakake gaman Napakawaca kanggo nguripne Dewi Sumbadra. Sakdurunge perang Baratayudha Raden Antareja tiwas kanggo tawur keluarga Pandawa kanthi cara dilat sikile.
        Jeneng Antasena, Gathutkaca, lan Antareja ora bakal sirna ing jaman modern. Antasena didadekake jeneng Kapal tempur PT. Lundin ing Banyuwangi. Gathutkaca utawa Gatotkaca didadekake jeneng pesawat N-250 rancangan Bapak B.J. Habibie tahun 1995. Jeneng Gathutkaca uga didadekane jeneng paraga (tokoh) ing game Mobile Legends sing dikembangake dening Moonton. Antareja didadekake jeneng Bor kanggo proyek MRT ing Jakarta.

No comments:

Post a Comment