Friday, June 12, 2020

GUNUNGAN WAYANG

        Gunungan utawa diarani kayon bisa dingerteni ing saben pagelaran wayang. Pagelaran wayang kang migunakake kayon antarane : wayang purwa/ kulit, wayang krucil, wayang golek, wayang gedog, wayang suluh, lan liya-liyane. Wujude gunungan kayadene gunung sing lincip dhuwur. Kelir gunungan sing baku ana 2, gunungan gapuran lan gunungan blumbangan. Lumakune jaman, saiki gunungan ora mung kanggo pagelaran wayang, ananging simbol kalpataru, paesan omah, paesan panggung, uga batik migunakake gunungan. Kelir mburi gunungan geni megangah abang mbranang mangalat-alat lan ndas Makara.
        Titikane gunungan gapuran yaiku wujude ceking, luwih dhuwur tinimbang gunungan blumbangan. Kelir ing ngisor gambar gapura, sisih tengen lan kiwa Cingkara Bala lan Bala Upata sing nyekel tameng lan gada utawa pedang. Titikan gunungan blumbangan yaiku wujude luwih amba. Kelir ngisor kolam sing banyune bening saktengahe iwak padha adhep-adhepan.
Katrangan ing sajroning gambar lan surasane miturut para wasis :
  1. Gunungan : wujude lancip madhep dhuwur pralambang panguripane manungsa. Tambah ngelmu lan umur kudu bisa golong gilig manunggaling jiwa, rasa, karsa tumuju marang Gusti kang Akarya Jagad (Tuhan).
  2. Gapura lan para penjagane (Cingkara Bala lan Bala Upata) pralambang atine manungsa becik lan ala. Tameng lan gada utawa pedang minangka njaga kahanan padhang lan kahanan peteng.
  3. Alas (kewan lan wit-witan) pralambang panguripan saka sifat lan tingkah lakune manungsa.
  4. Wit gedhe mucuk lan ngrembuyung ngebaki awak pralambang urip iku obah, obaho sing ngarah-arah. Gusti kang Akarya jagad maringi panguripan lan pangayoman ing alam donya.
  5. Peksi (manuk) pralambang manungsa bisaa menehi kaendahan lair tekaning batin.
  6. Bantheng pralambang kuwat, lincah, baut, tatag, teteg, lan tanggon.
  7. Macan pralambang manungsa kudu bisa mimpin pribadine, meper hawa nafsu.
  8. Wanara (kethek) pralambang manungsa bisa milih lan milah antarane kabecikan lan ala. Kayadene kethek pinter milih panganan sing rasa kecut, legi, lan pait.
  9. Kelir ndas Buto pralambang manungsa saben dinane duweni watak crongoh, nistha kaya dene setan, ngemu surasa supaya eling lan waspada.
  10. Kelir ilu-ilu Banaspati (jin) pralambang urip ing alam donya kebak godha, coba, bebaya, pepalang sing bisa nemahi keslametane manungsa.
  11. Kelir samudra pralambang manungsa kang jembar kawruh (wawasan), lila legawa, wicaksana, pasrah kersaning Gusti.
  12. Kelir omah joglo pralambang urip ing omah utawa negara sing tata titi tentrem kerta raharja gemah ripah loh jinawi.

Gunungan ing pagelaran wayang kanggo nandhani :

  1. wiwitane pagelaran, gunungan ditancepake ing simpingan sisih tengen lan simpingan sisih kiwa
  2. gantine panggonan utawa latar sajroning pagelaran
  3. nggambarake cerita sing ora ana paragane
  4. nggambarake banyu, geni lan angin
  5. pungkasane pagelaran, gugungan ditancepake ing tengah-tengah pakeliran.

25 comments:

  1. Nama :Linda Prastyana
    Kelas :8B
    No.absn:16
    Gunungan utawa diarani kayon bisa dingerteni ing saben pagelaran wayang kang migunakake kayon antarane:wayang purwa/kulit,wayang krucil,wayang golek,wayang godog,wayang suluh,lan liya-liyane.

    ReplyDelete
  2. Nama :Yara Desti F
    Kelas :7C
    Absen :29
    Kelir gunungan sing baku ana 2, gunungan gapuran lan gunungan blumbangan.Gunungan ora mung kanggo pagelaran wayang, ananging simbol kalpataru, paesan omah, paesan panggung, uga batik migunakake gunungan.Titikane gunungan gapuran yaiku wujude ceking, luwih dhuwur tinimbang gunungan blumbangan.Titikan gunungan blumbangan yaiku wujude luwih amba.

    ReplyDelete
  3. kayon biasa digunaake ing pagelaran wayan antarane : wayang purwa/ kulit, wayang krucil, wayang golek, wayang gedog, wayang suluh, lan liya-liyane. Wujude gunungan kayadene gunung sing lincip dhuwur. Kelir gunungan sing baku ana 2, gunungan gapuran lan gunungan blumbangan. Lumakune jaman, saiki gunungan ora mung kanggo pagelaran wayang, ananging simbol kalpataru, paesan omah, paesan panggung, uga batik migunakake gunungan.

    ReplyDelete
    Replies
    1. Nama :Erla R.N.C
      Kelas:7b
      No.Abs: 11
      kayon biasane digunaake ing pagelaran wayang antarane : wayang purwa/ kulit, wayang krucil, wayang golek, wayang gedog, wayang suluh, lan liya-liyane. Wujude gunungan kayadene gunung sing lincip dhuwur. Kelir gunungan sing baku ana 2, gunungan gapuran lan gunungan blumbangan. Lumakune jaman, saiki gunungan ora mung kanggo pagelaran wayang, ananging simbol kalpataru, paesan omah, paesan panggung, uga batik migunakake gunungan.

      Delete
  4. Nama :Iyan eka putra
    Kelas :8c
    Absen :17
    Kelir gunungan sing baku ana 2,gunungan gapuran lan gunungan blumbangan.lumakune jaman,saiki gunungan ora mung kanggo pagelaran wayang,ananging ugo batik migunakake gunung .kelir mburi gunungan geni megangah abang mbranang mangalat-alat lan ndas makara.

    ReplyDelete
  5. Asma: Deva Mahendra Yudha
    Kelas: VIII A
    Absen:09

    Gunungan utawa kayon biasane migunakake ing pagelaran wayang antarane:wayang purwa/kulit,wayang krucil,wayang golek,wayang gedok,wayang suluh,lan liya-liyane.Wujude gunubg kayadene gunung sing lincip dhuwur.Kelir gunungan sing baku ana 2,gunungan gapuran lan gunungan blumbangan.

    ReplyDelete
  6. Yahya nur cholis 8A:Gunungan wayang iku akeh dingerteni ing saben pagelaran wayang.Ing jaman saiki gunungan wayang iku ora mung digawe pagelaran,ananging uga digawe simbol,paesen lan batik.

    ReplyDelete
  7. Nama:Yobella s s kelas 7B no absen 28.gunungan ikuh akeh di ngerti in,isoh di gawe pegelaran wayang dan di jaman saiki gunungan ora mung kanggo pegelaran wayang ,ananging simbol kalpataru ,paesan omah ,paesan panggung lan uga batik

    ReplyDelete
  8. Nama:Gading kusuma wijaya
    Kelas:7b
    No absen:12
    Gunungan utawa kayon biso di ngerteni ing saben pagelaran wayang kang miguna ake kayon yaku : wayang kulit,wayang gedok,lan liyane.nanging kayon saikiora mung di gawe wayang ,nanging simbol paesan omah,paesan panggung.

    ReplyDelete
  9. Nama :Nanta dwi p
    Kelas :8A
    No. :25
    Gunung utawa diarani kayon bisa di ngerteni ing saben pagelaran wayang antarane yaiku:wayang krucil,wayang purwa/kulit,wayang suluh,wayang gedog.Gunungan sing baku yaiku gunungan gapuran,gunungan blum angan.Titikan gunungan gapuran yaiku wujude ceking,titikan gunungan blumbangan yaiku wujude luwih amba.

    ReplyDelete
  10. Ayudya Amellia 8A/05:Gunungan utawa diarani Kayon bisa dingerteni ing saben pagelaran wayang,antarane wayang kulit,wayang krucil,wayang golek,wayang suluh,wayang gedog.Gunungan sing baku ana 2,gunungan gapuran lan gunungan blumbangan.Titikane gunungan gapura wujude ceking luwih dhuwur tinimbng gunungan blumbangan.

    ReplyDelete
  11. Gunungan utawa diarani kayon bisa dingerteni ing saben pagelaran wayang. Pagelaran wayang kang migunakake kayon antarane : wayang purwa/ kulit, wayang krucil, wayang golek, wayang gedog, wayang suluh, lan liya-liyane. Wujude gunungan kayadene gunung sing lincip dhuwur.Lumakune jaman, saiki gunungan ora mung kanggo pagelaran wayang, ananging simbol kalpataru, paesan omah, paesan panggung, uga batik migunakake gunungan.

    ReplyDelete
  12. Diva 8A Lumakune jaman, saiki gunungan ora mung kanggo pagelaran wayang, ananging simbol kalpataru, paesan omah, paesan panggung, uga batik migunakake gunungan.Gunungan utawa diarani kayon bisa dingerteni ing saben pagelaran wayang. Pagelaran wayang kang migunakake kayon antarane : wayang purwa/ kulit, wayang krucil, wayang golek, wayang gedog, wayang suluh, lan liya-liyane. Wujude gunungan kayadene gunung sing lincip dhuwur.

    ReplyDelete
  13. Nama: Akbar Maulana Prabayu
    Kelas:8A No.abs: 02

    Wujude gunungan kayadene gunung sing lincip dhuwur. Kelir gunungan sing baku ana 2, gunungan gapuran lan gunungan blumbangan. Titikane gunungan gapuran yaiku wujude ceking, luwih dhuwur tinimbang gunungan blumbangan. Kelir ing ngisor gambar gapura, sisih tengen lan kiwa Cingkara Bala lan Bala Upata sing nyekel tameng lan gada utawa pedang. Titikan gunungan blumbangan yaiku wujude luwih amba. Kelir ngisor kolam sing banyune bening saktengahe iwak padha adhep-adhepan.

    ReplyDelete
  14. Nama. :Malniq Alys F
    Kelas. :7C
    No.Abs. :19
    Gunungan utawa ing pakeliran diarani kayon,mula didamel Raden Patah. Jenenge gunungan amarga wujude kaya gunung sing nduwe pucuk lan ditemokake ing saben pagelaran wayang { wayang purwa, wayang krucil, wayang golek, wayang gedok, obor wayang, lan liya-liyane }.

    ReplyDelete
  15. NAMA :AULIA SEPTIANI
    KELAS :7C
    NO ABS:08
    Gunungan ing wayang uga diarani kayon, yaiku salah sawijining unsur sing ndhukung pagelaran wayang. Ing gunung kasebut ana hiasan sing unik banget lan tegese jero. Diarani gunungan amarga wujud segitiga, kaya dene gunung.lan pelanggaran wayang iku ono :wayang purwa/ kulit, wayang krucil, wayang golek, wayang gedog, wayang suluh, lan liya-liyane

    ReplyDelete
  16. Dyah Elyna N.A
    VIIB/10

    Katrangan ing gunungan wayang yaitu gambar lan surasane nggambarake Panguripan ing Donya..

    ReplyDelete
  17. nama: Azahra putri h
    kelas:7a
    no absen:09

    Gunungan utawa diarani kayon bisa dingerteni ing saben pagelaran wayang.Pagelaran wayang kang migunakake kayon antarane wayang Purwa/kulit, wayang kurcil , wayang golek lan lialiane.

    ReplyDelete
  18. Nama:Amien dedi setyono
    Kelas:7b
    No:04

    Gunungan utawa diarani kayon bisa dingerteni ing saben pagelaran wayang.ndunakake pagunungan kanggo tancep kayon utawa pamukas mulo nganti saiki ka uri uri di lestarekkake kanggo batik klambi utowo gapuro

    ReplyDelete
  19. Nama : Ayudhya Viantika N.A
    No.Absen: 08
    Kelas : 7A( VII.A)

    GUNUNGAN DIARANI KAYON BISA DINGERTENI ING SABEN PAGELARAN WAYANG.PAGELARAN WAYANG KANG MIGUNAKAKE KAYON ANTARANE : WAYANG PURWA/KULIT,KRUCIL,GOLEK,GEDOG,SULUH,LAN LIYA-LIYANE.KELIR GUNUNGAN SING BAKU ANA 2 : GUNUNGAN GAPURAN LAN GUNUNGAN BLUMBANGAN.

    ReplyDelete
  20. Nama:Sweety A.s
    Kelas:VII-D
    NoAbs:26

    kayon biasane digunaake ing pagelaran wayang antarane : wayang purwa/ kulit, wayang krucil, wayang golek, wayang gedog, wayang suluh, lan liya-liyane. Wujude gunungan kayadene gunung sing lincip dhuwur. Kelir gunungan sing baku ana 2, gunungan gapuran lan gunungan blumbangan.

    ReplyDelete
  21. kayon biasane digunaake ing pagelaran wayang antarane : wayang purwa/ kulit, wayang krucil, wayang golek, wayang gedog, wayang suluh, lan liya-liyane.
    Gunungab sing baku ono 2 gunungab gapuran lan blumbangan.gunungan biasane di nggo kanggo motif batik lan pager

    ReplyDelete
  22. Aprilia P. S
    Gunungan utara diatani krayon bisa dingerteni ing saben pagelaran wayang ,pagelaran wayang minggunakake krayon antarane wayang purwa /kulit, wayang krukil, wayang golek, wayang gedog, wayang suluh , langsung liyan -liyane. Wujude gunungan kaya dane gunungan sing lincip nduwure, klir gunungan sing baku ana 2 , gunungan gapura lah gunungan blumbangan

    ReplyDelete

  23. Nama : MARLINDA WULAN SARI
    Kelas : 8A
    No. Abs : 21

    Titikane gunungan gapuran yaiku wujude ceking, luwih dhuwur tinimbang gunungan blumbangan.
    Titikan gunungan blumbangan yaiku wujude luwih amba. 
    Kelir mburi gunungan geni megangah abang mbranang mangalat-alat lan ndas Makara.
    Kelir ngisor kolam sing banyune bening saktengahe iwak padha adhep-adhepan.
    Kelir ing ngisor gambar gapura, sisih tengen lan kiwa Cingkara Bala lan Bala Upata sing nyekel tameng lan gada utawa pedang.

    ReplyDelete
  24. Nama: TANIA P.
    Kls:7D
    No.Abs.27



    Kelir gunung seng baku ana 2,gunungan gapuran lan gunungan bulambangan .Lumakune jaman saiki gunung ora mung kanggo pagelaran wayang,ananging simbol kalpa turu ,paesan panggung ,migunakake gunungan

    ReplyDelete