Monday, June 22, 2020

10 Panah (Jemparing) Sakti

    
    
        Panah ing Jawa dikenal kanthi sebutan Jemparing, Astra, Bana, Naraca, Sara Warastra. Jaman biyen panah utawa jemparing gunane kanggo piranti bebedhak (berburu) sakliyane tumbak. Miturut sejarahe panah digawe saka balung, kayu lan tali sing digawe saka otot. Lumakune jaman panah didadekake cabang olah raga ing tingkat lokal nganti tingkat internasional. Bentuk lan model kanggo nyukupi kebutuhan uga maneka warna. Ing pagelaran wayang kulit jemparing dadi salah sijine gaman sing ampuh lan bisa ngetokake kadigdayan saka kagungane. Ing kene bakal diringkes jenenge gaman, kagungane, lan kadigdayanane.
  1. Panah Ardadhedali utawa Ardadali kagungane Raden Janaka. Panah kasebut saka Bathara Kuwera ing kahyangan nalika Raden Janaka kasil merjaya Prabu Niwatakawaca, Raja raseksa saka negara Manimantaka. Wujude panah Ardadali kayadene cucuk manuk. Kadigdayane panah nalika dipenthang lan plesatake bisa nucuk mungsuh ananging ora bisa ngenani bala pandhawa.
  2. Panah Jungkat Penatas kagungane Resi Bisma. Jungkat Penatas Nalika perang Baratayudha dina keloro kasil merjaya Raden Seta, lan ing perang katelu panah Jungkat Penatas nalika dilesatake ing angkasa dadi atusan cacahe sing bisa merjaya para prajurit pandawa. Ing cerita negara Ragastina sing Rajane Prabu Garjendramuka, wujud sirah Gajah lan awak manungsa uga pejah kena panah Jungkat Penatas kaduwekane Bambang Gutama saka paringane Bathara Siwa.
  3. Panah Agniyastra kagungane Prabu Ramawijaya. Panah sing bisa ngetokake geni, yen ditamanake mungsuh bisa kebakar nganti dadi awu. Subahu sedulure Marica kang arupa raseksa kobong nganti dadi awu nalika gawe ontran-ontran ing upacara Yadnya.
  4. Panah Pasopati kagungane Raden Janaka utawa Arjuna. Pasopati kadadean saka rong tembung, paso sing tegese pas (tepat) lan pati tegese mati. Bathara Guru maringake panah Pasopati nalika Arjuna tapa, ing lakok Arjunawiwaha. Kasektene panah kasebut kasil merjaya Raja raseksa Niwatacaraka. Ing Perang Bratayudha uga kasil merjaya Jayadrata lan Adipati Karna.
  5. Panah Guwawijaya kagungane Prabu Ramawijaya. Panah nalika dipenthang ngetokake suwara gludhug, nggegirisi kasil merjaya Subali.
  6. Panah Nagapasa kagungane Raden Indrajid. Panah Nagapasa sing asale saka kahyangan paringane Dewa nalika Raden Indrajid ngrewangi Bapake, Prabu Dasamuka. Panah Nagapasa bisa ngetokake ula cilik-cilik, kacarita Raden Laksmana lan Prabu Ramawija kena wisa ula Nagapasa kuwalahan nganti lemes tanpa daya.
  7. Panah Sarotama kagungane Raden Janaka. Panah sing diparingi Begawan Manikara kalebu panah sing nalika di jukuk saka sarunge bisa babar. Dijukuk siji nambah siji, dijukuk lima nambah dadi lima.
  8. Panah Cundamanik kagungane Raden Janaka. Panah kasebut saka Bathara Narada saka Kahyangan nalika perang Bratayudha. Panah Cundamanik sing asale saka  Dewi Wilutama garwane Begawan Drona.
  9. Panah Kontawijayadanu kagungane Adipati Karna. Adipati Karna utawa Suryaputra kalebu putrane Dewi Kunthi. Panah Konta sing warangkane ing awake Gatotkaca kalebu panah sekti, ananging mung bisa digunakake sepisan. Panah Kontawijayandanu kasil merjaya Gatotkaca nalika perang Bratayudha.
  10. Panah Cakra kagungane Bambang Sumantri utawa Patih Sumantri. Ing cerita wayang Arjuna Sasrabahu  Panah cakra kagungane Bambang Sumantri merjaya Sukresana.

3 comments:

  1. Nama :Linda.p
    Kelas:8B
    No :16
    Panah ing jawa dikenal kanthi sebutan Jemparing,Astra,Bana,Naraca,Sara Warastra.Jaman biyen panah utawa jemparing gunane kanggo piranti bebedhak(berburu)sakliyane tumbak

    ReplyDelete
  2. Dyah Elyna N.A
    VIIB/10
    Panah utowo jemparing ing crito wayang,.iku sak liyane pusaka gae perang,uga iso gae tondo(lambang) satrio ning kang duweni..

    ReplyDelete