Thursday, June 18, 2020

Ana Corona Ora Merana


        Esuk gilir gumanti esuk, wis ora krasa rong wulan suwene bocah sekolah ora sinau ing sekolahan. Anane wabah corona wis ndadekake panguripan sarwa beda, sing biasane sekolah ora bisa sekolah, bakul-bakul padha sambat, jasa apa wae sepi, karyawan pabrik okeh sing dipreini lan iseh okeh akibat liyane sing dirasakake masyarakat saiki. Kawiwitan wulan Maret 2020 kepungkur ing kutha Madiun bocah sekolah sinau ing omahe dhewe-dhewe. Pemerintah liwat Dinas Pendhidhikan menehi edaran supaya sinau tetep ditindakake ing omah kanthi cara pasinaon Daring (Dalam jaringan) utawa sing lumrah diucapake pembelajaran online. Para pendidik utawa guru diajab duwe kreasi lan inovasi supaya pasinaon bisa lancar, lan bocah sekolah uga ora kangelan anggone nangkep tugas saka gurune.
        Kutha Madiun sakdurunge ana wabah corona wis menehi akses internet gratis kanggo masyarakat. Pranyata ing wilayah kutha Madiun saben pos kamling lan fasilitas umum dipasang wifi sing 24 jam bisa diakses dening masyarakat. Hesti salah sawijine murid ing tataran SMP Kutha Madiun uga ngrasakake anane fasilitas internet gratis kasebut. Hesti kalebu bocah sing sregep, saben esuk wis tangi melu ngrewangi mbah putrine sing bakulan sayur ing saktengene omahe. Nata dagangan saka pasar, lan melu ngedoli wis dadi pakulinane Hesti nalika iseh SD. Hesti uga grapyak marang sapa wae, mula okeh kanca-kancane sing padha dolan menyang omahe saperlu crita-crita, sinau bareng lan gegojegan bebarengan. Ika, Imah lan Ines sing biasane dolan menyang omahe Hesti, amarga omahe ora adoh lan iseh sapantaran.
        Nalika dina Rebo jam 8 esuk bocah papat wis padha ngumpul. "Hei..cah, tugas basa Inggris apa wis padha nggarap?" Pitakone Hesti. "Lho, Hes..kok lagi mbok takokne saiki to, kudune wis wingi dikirim menyang gurune!" Semaure Ika. "Aku ya ngerti kapan kudu dikirim, masalahe wingi dakbuka nganggo HPne Mamahku ora kenek, dak jajal nganggo HPne Ayahku yo ora kenek. Wis jajal disuwunke priksa mamah nyang guruku wangsulane dicoba terus." "Aku wingi ya ngono Hes, tak coba pisan durung kenek buka soal, kapindo durung kenek, terus HPku tak restart lagek kenek kanggo buka soal." Saute Imah karo nuduhake HPne. "O..ngono ya, ya wis tak jajale Mah!" "Lha kuwi hlo Hes, untung enek Imah." Ika melu-melu nyaut. "Kowe apa wis garap to Ka?" Pitakone Hesti sinambi mateni HPne supaya bisa kanggo garap tugas Basa Inggris. "Aku ya jelas to Hes, durung." Ika mangsuli karo guyu isin. "Aku rene iki maeng ya arep nekokne tugas kuwi, wis kok tekokne dhisek aku dadi melu ngerti. Merga perkaraku wingi ya padha kowe." "Oalah jebule padha wae Ika ki!" Imah sajak ngece.
        "Hei cah, Ines apa ya wis garap, Jajal takonana Mah!" Panjaluke Hesti menyang Imah. "Nes..Nes..Neeeess..oalah, bocah iki nek wis nyekel HP dijak omong wis ora nyambung blas, ketekana banjir ya ora gagas!" Imah gregeten nyawang Ines sing ora semaur. "He..Nes!" Ika nyeblek tangane Ines sing nyekel HP. "Apa to Ka, ngrusuhi wong lagi asyik, ki hlo HPku meh jeglok, HP larang iki." Semaure Ines polatane pegel. "Kowe kuwi kancane lagek ngomongne tugas ora melu rembugan, mbok ya melu menehi solusi ngono hlo. Ketoke wonge enek kene nanging pikirane enek ngendi-endi." Hesti melu ngaruh-aruhi Ines. "Enek perkara apa to, sing slow, santui, aja kemrungsung, slow down baby, what happen?" Ines sing ora melu rembugan babagan tugas Basa Inggris malah sajak ngece kanca-kancane. "Tugas Basa Inggris wingi wis kok garap durung Nes?!" Imah mbaleni pitakone. "Lha cah kene ya mesthi wis beres to nde..tugasku wingi digarapne mbak Tia. Apa iseh enek sing durung garap nganti dina iki?" Ganti Ines takon. "Yen iseh enek pasrahne Imah wae to, beres. Ngono wae kemrungsung!"
        Hesti sing nyoba buka HPne maneh sakwise direstart seneng banget amarga wis bisa kanggo buka alamat tugase. Ika uga nyoba buka alamat tugas, bareng tekan ngisi jeneng lan password ora bisa jalaran password salah. "Mah, passworde apa iki kok salah?" Ika takon marang Imah. "Apa wis diganti ya passworde, aku wingi ya iki sing daktulis. Jajal Hes nyuwun tulung Mamahmu telpon Pak Danang!" Hesti banjur nyuwun tulung mamahe supaya telpon Pak Danang guru Basa Inggris. Ora let suwi Mamahe Hesti ngendikan karo pak Danang, passworde ditulis ing buku tulis. Hesti lan Ika age-age nulis password anyar gantine sing wingi. Sakdurunge ngawiti garap tugas Hesti nyiapake buku paket, kamus lan buku tulis kanggo nulis pitakon sing angel.
        Bocah loro pada semangat garap tugas, Hesti lan Ika gantian nulis pitakon sing angel. Sakbanjure pitakon sing gampang wis rampung digarap gantian nyandhak buku tulis mangsuli pitakon sing angel. Kamus lan buku paket dibukaki Hesti lan Ika, ananging pitakone Hesti iseh 1 sing durung ketemu wangsulane lan Ika iseh ana 2 sing angel diwangsuli. Imah lan Ines padha asyik nyekel HPne dhewe-dhewe. Imah lagi maca-maca berita ing google chrome lan Ines maca status ing facebook. "Mah, pitakonmu wingi apa enek sing kaya ngene iki?" Pitakone Hesti sinambi nuduhake pitakon ing cedhake Imah. "Iya Hes, sing metu ana tampilanku ora nomer 7 nanging nomer 13. Iki direvisi sing ana grup WA kirimane Damar ketua kelas kae hlo." "Oalah, karepe revisi kae iki to, ya wis Mah, suwun." "Ika ket maeng buka-buka kamus mudheng ora kuwi?" Ines ngece Ika karo drijine munggah-medhun ing layar HP. "Nes, sadar to kowe ki, dakkira wis ora nggatekne!" Ika semaur, ora pati ngreken omongane Ines. "Genten aku ewangana Mah, ora mudheng apa iki karepe. Dakgoleki ana ing buku paket kok ora nemokne." Panjaluke Ika karo kukur-kukur ramput nganggo petelot. "Sing ndi Ka, apa sing kok bunderi kuwi?" Wangsulane Imah ngadeg karo ngematne buku tulis ana ngarepe Ika. "Iya sing nomer 16 iki piye?" Wangsulane Ika nudingi nomer 16. "Kuwi ngene, like basa Indonesiane suka nanging yen ngarepe enek as like tegese seperti." Saurane Imah tenanan. "Oo..ngono to, jan Imah pancen cah pinter, ora rugi duwe kanca kowe Mah." Ika seneng banget oleh wangsulan.
        Watara jam 10 anggone garap tugas Basa Inggris wis rampung lan dikirim menyang Pak Danang. Pranyata apa sing angel digarap dhewe, yen digarap bareng-bareng bisa dadi gampang. Kuwi kaya unen-unen bot ginawa theng, sing abot bisa dadi entheng. Ing sakjabane omah katon Ibune Ines mara menyang omahe Hesti sinambi nggremeng. Bareng ngerti Ines lagi lungguhan nyekel HP, Ibune Ines nyaut HPne anake, Ines digremengi jalaran oleh telpon saka wali kelase sing menehi pawarta tugas nulis aksara Jawa durung digarap. Hesti, Ika lan Imah mung meneng ngempet guyu.

8 comments:

  1. NAMA :Linda.p
    KELAS:8B
    NO :16
    Rangkuman:
    Anane wabah corona ndadekake panguripan sarwa beda,sing biasane sekolah ora bisa sekolah,bakul-bakul lan para karyawan akeh sing dipreini.Ing kota madiun bocah sekolah sinau ing omahe dewe-dewe.kanthi cara pasinaon daring(dalam jaringan) utawa onlaine.

    ReplyDelete
  2. Nama:Tania p.
    Kls:7D
    No.Abs.27



    Isuk gilir gumanti isuk ,wis ora krasa rong wulan suwene bocah ora sinau ing sekolahan. Anane wabah corona wis dadekake panguripan sarwa beda,sing biasane sekolah ora bisa sekolah ,bakul-bakul padha sambat,jasa apa wae sepi karyawan pabrik okeh sing di rasakake masyarakat saiki

    ReplyDelete
  3. NAMA :Trusti Okti Rohmani
    KELAS:7D
    NO :28
    Rangkuman:
    Esuk gilir gumanti esuk,wis ora krasa rong wulan suwene bocah ora sinau ing sekolahan. Anane wabah corona wis dadekake panguripan sarwa beda,sing biasane sekolah ora bisa sekolah,bakul-bakul padha sambat,jasa apa wae sepi,karyawan pabrik okeh sing dipreini lan iseh okeh akibat liyane sing dirasakake masyarakat saiki. Kutha Madiun sakdurunge ana wabah corona wis menehi akses internet gratis kanggo masyarakat.

    ReplyDelete
  4. Nama : MARLINDA W.S.
    Kelas : 8A
    No. Absen : 21

    Ringkasane Yaiku :

    Kawiwitan saka wulan Maret 2020 kepungkur ing kutha Madiun bocah sekolah sinau ing omahe dhewe-dhewe. Pemerintah ngadakake liwat Dinas Pendhidhikan lan menehi edaran , supaya sinau tetep ditindakake ing omah kanthi cara pasinaon Daring (Dalam jaringan) utawa sing lumrah diucapake pembelajaran online. Para pendidik utawa guru diajak duwe kreasi  lan inovasi supaya pasinaon bisa lancar, lan bocah sekolah uga ora kangelan anggone nangkep tugas saka gurune.

    ReplyDelete
  5. Nama :Yara Desti F
    Kelas :7C
    Absen :29
    Wabah corona wis ndadekake panguripan sarwa beda, sing biasane sekolah ora bisa sekolah, bakul-bakul padha sambat, jasa apa wae sepi, karyawan pabrik okeh sing dipreini lan iseh okeh akibat liyane sing dirasakake masyarakat.
    Kawiwitan wulan Maret 2020 ing kutha Madiun bocah sekolah sinau ing omahe dhewe-dhewe. Pemerintah liwat Dinas Pendhidhikan menehi edaran supaya sinau tetep ditindakake ing omah kanthi cara pasinaon Daring (Dalam jaringan) utawa sing lumrah diucapake pembelajaran online.

    ReplyDelete
  6. Nama:iyan eka putra
    Kelas :8c
    Absen :17
    Wabah Corona ndadekake panguripan Sarwo bedo.kawiwitan wulan maret 2020,ing Kuto mediun bocah sekolah pada sinau ning omahe dewe dewe.pemerintah lewat dinas pendidikan menehi edaran supaya sianu tetep ditindakake ing omah kanthi cara pasinaon daring (dalam jaringan) utawa sing lumrah diucapake pembelajaran online.

    ReplyDelete
  7. Nama:Amien Dedi setyono
    Kelas:7b
    No:04
    Anane wabah Corona wis ndadekake panguripan Sarwa beda,sing biasane Sinau Ng sekolahan Malih Sinau Ng omah,bakul bakul Pasha sambat,jasa OPO wae sepi, karyawan pabrik okeh akibate

    ReplyDelete
  8. Dyah Elyna N.A
    VIIB/10

    Panyebaran wabah virus korona sing saiki wis nyapu jagad, salah sawijine Indonesia, duwe pengaruh, salah sawijine bidang ékonomi lan bidang pendhidhikan masyarakat lokal.Saiki uga ditutup sauntara nganti wektu tartamtu.
    Pamrentah nyedhiyakake kabijakan sing siswa dibutuhake kanggo melu program pemerintah yaiku sinau saka omah,siswa bisa sinau karo guru liwat jaringan internet sing wis diwenehake dening pemerintah.Program kasebut yaiku nyuda penyebaran wabah virus corona.Dadi saka iku sanajan sinau saka omah, siswa kudu luwih kreatif babagan cara nanggapi.

    ReplyDelete