Tuesday, June 23, 2020

Malioboro ing Kutha Madiun


Jl. Pahlawan Kota Madiun

    Malioborone Madiun manggon ing dalan Pahlawan kelurahan Kartoharjo-Pangongangan Kutha Madiun Provinsi Jawa Timur. Lurung sing dawane kurang luwih 1,3 Km kasebut ing wates sisih lor yaiku Pasar Sepor lan wates sisih kidul ditandani rambu-rambu lalu lintas prapatan Tugu. Sakdawane dalan Pahlawan okeh wangunan pamerintahan kayata ; Bakorwil Jawa Timur, Balaikota Madiun, Kantor Pos, Kantor Daerah Telekomunikasi, Kejaksaan Negeri. Swalayan kayata; hypermart, Lawu Plaza, Samoedra.
    Malioboro kasunyatan ing wewengkon Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY). Jeneng dalan sing wis kondhang ing nuswantara kasebut duweni kahanan kang ndudut ati. Para wisatawan bisa diuja maneka warna jajanan tradisional, kerajinan tradisional, sandhangan, lan kesenian musik sing nambahi betah nalika ing dalan Malioboro. Semono uga ing dalan Pahlawan kutha Madiun sing kaaran Malioboro dening warga Madiun, sanajan ora 100% memper Malioboro Ing DIY. Malioborone Madiun ing sak ngarepe Balai Kota duweni kaluwihan, ambane dalan 10 meter, trotoar 4,5 meter kiwa lan tengen, meja lan kursi kanggo ngaso, tanduran kembang tabebuya, taman Balaikota, wisata banyu Sumber Umis. Kanggo njaga keslametane para wisatawan uga dipasang speed Bump supaya kendaraan bisa mlaku 30 km/jam.
    Kawasan sing didadekake jujugan ing Malioborone Madiun yaiku ing sakngarepe Balaikota. Sesawangane werna-werni, sinambi lungguhan ing kursi tradisional bisa nyawang wangun gagah-gagah, nyawang gilir gumantine kendaraan, kena angin semilir, kahanane resik, nyawang tanduran subur lan seger-seger, cagak-cagak lampu ditata kanthi runtut tansaya nambahi krasan ing kono. Sabanjure bisa nerusake ing Aloon-aloon lan Taman Lalu Lintas sapinggire Kali Bengawan Solo.

No comments:

Post a Comment