Friday, May 15, 2020

SRI TANJUNG


SRI TANJUNG

Jaman biyen ing negara Sindureja, kang jumeneng ratu asma Prabu Sila Hadikrama. Negarane, subur makmur loh jinawi, tata tentrem kerta raharja, rakyate urip cukup sandhang, pangan, lan papan. Ananging Prabu Sila Hadikrama lagi nandhang dhuhkita amarga Sang  Prameswari lagi nandhang gerah ora dhangan-dhangan. Prabu Sila Hadikrama utusan patihe kang asma Raden Sidapaksa nggolekake obat kagem Sang
Prameswari. Patih Sidapaksa sowan eyange Sang Bagawan Tambang Petra ing padhepokan, nyuwunake obat kagem Sang Prameswari. Patih Sidapaksa kuwi isih turun Pandhawa, mula saliyane priyantune bagus, gagah prakosa, uga sekti mandraguna.àOrientasi
Ing padepokan, Patih Sidapaksa ketemu prawan sing ayune banget, solah bawane  alus manuhara, lan nengsemake pandulu. Prawan ayu mau asmane Dewi Sritanjung.  Sritanjung pancen beda karo prawan-prawan liyane amarga sejatine Sritanjung lahir saka ibu widodari. Patih Sidapaksa kepencut marang Sritanjung, kaya tumbu oleh tutup, semono uga Sritanjung. Kekarone banjur nambut silaning akrami. Sarampunge palakrama, Sritanjung kaboyong menyang kraton Sindureja lerem ing dalem kepatihan. Prabu Sila Hadikarma bareng pirsa Sritanjung kesengsem, kayungyun mring kasulityane Sritanjung tanpa kinawruhan Patih Sidapakasa. Rina wengi Prabu Sila Hadikrama golek cara piye bisane ngrengkuh Dewi Sritanjung. Ndadekake Prabu Sila Hadikrama kerasukan watak julig culika. 
” Patih Sidapaksa, ingsun ngaturaken agunging panuwun, sliramu wis bisa minangkani kersaningsun, Prameswari wis waluya jati kaya wingi uni. Ananging isih ana maneh jejibahan sing kudu koksarirani dhewe, yaiku ngaturake nawala menyang swargaloka, katur para dewa bukti suka panarimaku marang kabeh kang kaparingake ing negara Sindureja”, pangandikane Prabu Sila Hadikrama ing pasewakan agung.àKomplikasi
” Sendika dhawuh Sinuhun, kula pundhi sedaya dhawuh paduka, mugi saged angayahi jejibahan punika”. Patih Sidapaksa nyanggemi kabeh dhawuhe Sang Nata, tanpa ngaweruhi niat satemene saka Prabu Sila Hadikrama sing kepingin nyingkirake Patih Sidapaksa, amarga kepingin nggonjak Dewi Sritanjung. Sejatine nawala kang kudu diaturake kagem para dewa mau isine ”Sapa sing nggawa nawala iki arep mbalela maranga para dewa.”  ” Yayi Dewi Sritanjung, pun kakang lagi kodheng, amarga kudu ngayahi jejibahan kang mokal kelakone pindhane ngarep-arep udan ing wayah ketiga, cebol nggayuh lintang, apa sliramu kersa paring pambiyantu?” Pangandikane Patih Sidapaksa sarawuhe ing dalem kepatihan.
” Aduh Kangmas Sidapaksa, boten usah kodheng panggalih panjenengan, kula sabiyantu panjenengan angayahi jejibahan punika. Kula nggadhah slendhang mustika paringanipun Bapa Rama Raden Sudamala, ingkang nglantaraken panjenengan sowan dhateng para dewa wonten ing swargaloka.” Dewi Sritanjung enggal nyamektakake slendang mustika, minangka srana tindake Patih Sidapeksa tumuju Swargaloka sowan para dewa. Cekaking crita satekane ing Swargaloka, nalika nawala diaturake para dewa sakala Patih Sidapaksa diajar lan dipilara amarga dianggep arep mbalela. Patih Sidapaksa lagi weruh yen isine nawala pancen sengaja kanggo nyingkirake piyambake. Amarga saka ora kuwawa nadhahi panandhange, Patih Sidapaksa sambat nyebut para leluhur Pandawa. Para Dewa nembe pirsa yen ta kabeh mung salah paham amarga saka trekahe Prabu Sila Hadikrama, mula banjur dikeparengake kondur menyang Sidureja lan kaparingan kanugrahan.  ” Aduh yayi Dewi Sritanjung wong ayu, leganana brantaningwang, sapanjalukmu dakturuti” Lali purwa duksina, tanpa suba sita, murang tata Prabu Sila Hadikrama nyoba ngungrum, kayungyun gandrung-gandrung kapirangu marang Dewi Sritanjung. ” Pangaputen Sang Prabu, mangga kula aturi enget, kula punika garwanipun Patih Sidapaksa, kula punika sampun kawengku priya...” Dewi Sritanjung atetawang tangis nyuwun kawelasan, ananging Prabu Sila Hadikrama wis kepancingan setan ora maelu tangise Dewi Sritanjung. malah kepara ndadi.
Sritanjung bisa karuket wani, Sritanjung bangga, jelih-jelih njaluk tulung. ” Oh dadi ngono ya patrapmu, rupa ayu mung samudana, kanggo nutupi tumindak dursilamu, kendho tapihmu, ditinggal kakung ngleboke kakung liya.”Ora kanyana Patih Sidapaksa wis rawuh ing taman sari kepatihan, pasuryane abang mbranang kebak kamurkan. Kagyat sang Prabu Sila Hadikrama, dasar wis kepanjingan watak julig culika, mula kanggo nutupi tumindake malah mitenah Dewi Sritanjung. ” Pangapuramu Patih, pancen garwamu Sritanjung kuwi murang tata, dudu wanita utama.” Ngono pangandikane Prabu Sila Hadikrama. ” He..., Sritanjung ora pantes sliramu urip ing ngalam donya, delahan panggonanmu”. Sora pangandikane Patih Sidapaksa. àKlimak
”Aduh kakangmas Sidapaksa, nyuwun agunging pangaksami, punika boten kados ingkang panjenengan pirsani, kula boten nggadhahi tumindak ingkang nerak kasusilan”. Dewi  ritanjung nyoba atur pambela diri. Ananging ora dipaelu dening Patih Sidapaksa. ” Inggih sampun Kakangmas, menawi panjenengan sampun boten kersa mirengaken atur kawula, kula pasrah jiwa raga, ananging perlu kawuningan lan mangga sineksenan bumi langit saisinipun, mbokbilih sanjata panjenengan tumawa ing raga kula, ingkang muncrat rah ateges kula ingkang lepat, menawi ingkang muncrat toya angganda arum, punika paring tenger bilih kula boten lepat lan boten anggadhahi tumidak dursila.”  Tanpa ngenteni, sanjata keris tumacep ing dadane, saking tumamcep sanjata keris medhal toya angganda
arum, Sang Dewi Sritanjung pralaya ing astane Patih Sidapaksa. àResolusi
Patih Sidapaksa nglumpruk tanpa daya pindha kalolosan otot bebayune, amarga getun ora kersa nggugu ature garwane. Kawetu pangandikan ,” Besuk yen ana rejane jaman panggonan sedane Sritanjung iki karan Banyuwangi, amarga kasiram banyu angganda wangi saka anggane yayi Sritanjung, ya iki arane sapa becik kethithik, sapa ala ketara.àKoda

Saka cerita Rakyat ing dhuwur coba wangsulana pitakon ing ngisor iki! (wangsulan di tulis ing buku tulis lan di foto dikirim ing nomor WA 081 252 888 121)
1.       Temtokna ukara langsug saka cerita Sri Tanjung!
2.       Temtokna ukara ora langsung saka cerita Sri Tanjung!
3.       Apa kang di arani ukara lamba?
4.       Apa Kang diarani ukara camboran?
5.       Unggah-ungguh basa kang digunakake ing cerita Rakyat kasebut wenehana tuladha
a.       Basa Krama :
b.      Basa Ngoko :

Menawa ana materi sing kurang cetha dimangerteni, bisa ditulis pitakon ing kolom komentar ing sak ngisore postingan iki!

2 comments:

  1. Pak niku contoh ukara ora langsung pripun , kurang paham matursuwun

    ReplyDelete
  2. Pak niku ukara ora langsung pripun niku ,kula kurang faham maturnuwun

    ReplyDelete